Mendhem Ari-ari
Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggarakake malah uga ana ing dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi isih ing jero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing). Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga.
Ari-ari sakwise dikumbah resik dilebokake ana ing periuk sing digawe saka lemah (kendhil). Ana ing panggonan liya, periuk saka lemah uga bisa diganti nganggo bathok kelapa. Sakurunge, kendhil diwenehi alas godhong senthe sing nang ndhuwure ana pirang-pirang barang kang dadi syarat.
Syarat sing dimaksud ana ing pirang-pirang daerah beda jenise, yaiku:
1. Kembang boreh, lenga wangi, kunir bekas alas kanggo ngiris usus, welat (peso sing digawe saka bambu tipis) sing gawe ngiris usus, gantal rong kenyoh, kemiri gepak jendhul, tulisan huruf jawa (ha na ca ra ka, lsp) tulisan huruf arab, tulisan huruf latin (a b c d, lsp) lan duwit sagobang.
2. Wiji kemiri gepak jendhul, dom, gereh, beras abang, kunyit, uyah, lan kertas tulisan arab.
3. Patelot, buku, kertas tulisan arab, tulisan jawa, lan tulisan latin. Sakliyane kuwi, kanggo bayi wedhok, ing njero kendhil dilebokake empon-empon kayata temu ireng, kunir, dlingo bengle, brambang, bawang, benang lan dom. Kanggo bayi lanang, dilebokake uga duwit Rp 100,00.
Sakwise sakuntara wektu, syarat mau dilebokake disusul karo ari-ari. Kendhil ditutup nganggo lemper sing iseh anyar banjur dibungkus mori sing iseh anyar uga.
Uwong kang mendhem ari-ari kudu bapak kandung bayi mau, nganggo klambi tradisi lengkap, yaiku: bebedan lang blangkon. Kendhil isi ari-ari digendhong lan digawa ing panggonan gawe mendhem ari-ari karo dipayungi. Lemah sing gawe nguruki ari-ari dipageri lan ditutup bagian ndhuwure, kareben ora kudanan lan kelebon kewan-kewan. Sak banjure disebar kembang setaman (kembang mawar, melati, lan kenanga). Ing ndhuwure dipasang lampu sing diuripake saben mbengi suwene 35 dina (selapan). Lampu iku nduweni simbol pepadhang kanggo bayi, kereben sesok yen gedhe ora dadi wong sing jirih. Papan kanggo mendhem ari-ari mau biasane ana ing sebelah tengen lawang mlebu omah.(ry)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar